contoh pranatacara

By Sidiq Martanto on Kamis, 11 Agustus 2011 with 0 comments


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bismillahirahmanirahim.
Alhamdulillahi rabil’alaimin. Washolatu wassalamu’ala asyrofil ambiyaai wal mursalin sayyidina Muhammadin wa’alaihi washohbihi ajma’iin Ammaba’du.
Dumateng para sepuh pini sepuh, Bapak-bapak/Ibu-ibu lan sedherek-sedherek sedaya ingkang dahat kinurmatan. Sepindah mangga sareng-sareng kula lan panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur kunjuk dhumateng ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun pinaringan taufik saha hidayah satemah kula lan panjenengan sedaya saged pepanggihan ing papan punika kanthi kawilujengan saha kasarasan.
Mboten kesupen shalawat saha salam mugi tansah pinaringan dhumateng junjungan  kula lan panjenengan sedaya Kanjeng Nabi Muhammad SAW, ingkang sampun paring pitedah lan ingkang  kula lan panjenengan sedaya ajeng-ajeng safaatipun.
Lan matur nuwun sanget dhumateng bapak-bapak, ibu-ibu lan sedherek lansedherek sedoyo ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal ngrawuhi pepanggihan trah keluarga Notonegoro ing siang punika.
Matur nuwun sanget dhumateng Keluarga Ibu Wiji Lestari ingkang sampun paring papan panggenan tuwin sakhatahing pasugatan ingkang kaparingaken.
Saderengipun acara Trah Notonegoro kula lan panjenengan sedaya wiwiti, langkung rumiyin kula waosaken runtutaning acara ing siang punika :
1.    Sepindah pambuka
2.    Kaping kalihipun sambutan saking tuan rumah
3.    Kaping tiga sambutan ketua panitia
4.    Kaping sekawan isi pengaosan
5.    Kaping gangsal lain-lain
6.    Ingkang pungkasan penutup
Bapak /ibu hadirin hadirot ingkang minulyo, mangga acara ing siang punika kula lan panjenengan sedaya bikak sesarengan kanthi waosan basmallah.
Hadirin hadirot ingkang minulyo, acara sak lajengipun inggih punika sambutan. sambutan ingkang sepindah saking tuan rumah. Dhumateng Ibu Wiji Lestari kula sumanggakaken.
-----
Kula lan panjenengan sedaya aturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun Ibu Wiji Lestari.
Bapak ibu hadirin hadirot, acara kaping kalih inggih punika sambutan ketua trah. Ibu Nur Wakhidah kula sumanggakaken.
-----
Maturnuwun dhumateng panjenengan Ibu Nur Wakhidah.
Acara saklajengipun inggih menika adicara. Wonten ing wekdal punika bade kula lan panjenengan sedaya isi pengaosan. Dhumateng Ibu naufanti Zulfah kula sumanggakaken.
-----
Kula lan panjenengan sedaya aturaken panuwun dhumateng Ibu Naufanti Zulfah ingkang sampun paring siraman rohani kangge kula lan panjenengan sedaya.
Acara kaping gangsal inggih punika lain-lain badhe kula lan panjenengan sedaya isi salam-salaman lan dipun lajengaken istirohat.
Acara saklajengipun inggih punika penutup. Sakderengipun acara ing siang punika kula lan panjenengan sedaya tutup, kula ing mriki sak dangunipun ndereaken acara ing siang punika kathah keklintuanipun kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Mbah Joyo dahar kupat ngagem santen, sedaya lepat nyuwun ngapunten.
Monggo acara ing siang punika kula lan panjenengan sedaya tutup kanthi sareng-areng maos tahmid.
Wabillahitaufik wal hidayah.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Category: Lain-lain

POST COMMENT

0 komentar:

Post a Comment