SESORAH TANGGAP WACAN PAMBUKA DINTEN IDUL ADHA

By Sidiq Martanto on Senin, 07 Maret 2011 with 0 comments

Assalamu’alaikum wr. wb.

Bapak-bapak, ibu-ibu, sederek-sederek kaum muslimin wal muslimat ingkang satuhu bagya mulya.

Pudya puji syukur alhamdulillah mugi kunjuk ing ngarsaning Allah swt. Ingkang sampun paring berkah saha hidayah dhumateng kita, bilih ing dalu punika kula panjenengan sami saged makempal wonten ing griyanipun bapak Darrna kangge angregengaken dinten ageng umat dinten iedul adha utawi idhul kurban.

Bapak-bapak, ibu-ibu kaum muslimin wal muslimat dinten hari raya idul kurban punika mangeti rikala kanjeng Nabi Ismail a.s. dipun sembelih tiyang sepuhipun inggih menika kanjeng Nabi Ibrahim a.s. minangka pangujining Allah swt, dhumateng kanjeng Nabi Ibrahim a.s. kalian putranipun ismail. Kados pundit ketakwaan saha sih katresnanipun kanjeng nabi dhumateng Allah swt. Awrat pundit tresnanipun dhumateng pangeranipun punapa awrat tresnanipun dhumateng putranipun. Kabukti trenanipun dhumateng Allah langkung tresna dipun timbangaken kaliyan trenanipun dhumateng putranipun. Pramila khanti ikhlas Nabi Ibrahim a.s. rila ngurbanaken putranipun, kanthi kekuasaanipun Allah swt. Pramila Ismail dipun gantos stunggaling mendo domba.

Saking kedadosan punika saged dipun pepethi hikmah ipun, bilih manungsa kedah iklas gurbanaken banda saha sedaya ingkang dipun kersakaken Allah swt.

Wasana atur pambuka saking kula boten perlu kula panjang lebaraken. Akhirul kata bilahit taufik walhidayah, wassalamu’alaikum wr. wb.

Kawula nuwun !

Category: Lain-lain

POST COMMENT

0 komentar:

Post a Comment